Kategori

Riwayat Biografi Ranggawarsita (Bahasa Jawa)




Raden Ngabehi Ranggawarsita (Surakarta, 14 Maret 1802 - Surakarta, 24 Desember 1873), iku pujangga Jawa. Panjenengané asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, ya iku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita ya iku Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Nalika Raden Ranggawarsita alit, asmanipun Bagus Burhan. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Sasampunipun makarya ing kraton asmanipun Ranggawarsita. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsèp logika, ètika, lan èstètika. Asil karya Raden Ranggawarsita punika babagan Babad, Filsafat keagamaan, primbon, sejarah pewayangan, peribahasa Jawa.

No comments: